Upacara tingkeban ana ing masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti
tumeka saiki isih kereb ditindakake. Upacara tingkeban iki minangka upacara
slametan pitung sasi kanggo calon ibu kang mbobot kaping pisanan. Upacara
tingkeban dianakake mesthi wae nduweni ancas kang kepengin digayuh dening
kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair kanthi gampang, slamet lan ora ana
alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga mbesuke bisa dadi anak kang bekti
marang wong tuwane. Ing kene uga arep diandharake tata cara upacara tingkeban
kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara
sungkeman, calon ibu lan calon bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama
lan ibune. Sungkeman iki nduweni teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang
dilairake bisa dadi bocah kang bekti marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman,
Ana ing upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha
ibu saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa
tangga teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu).
Banyu kang diwadhahi ing kendhi kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu
saka calon ibu kanthi ngendika: “ ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang
bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu,
kang urut-urutane:nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun,
udan riris, parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping
ana adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur
kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning,
calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa
lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan ing
kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa
kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping
pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa
Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau
urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa
tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau
minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.
(Kabesut saking:
Sempulur No. 07/ 11/ 2003/ Heni TH)Sumber : http://www.sastrajawa.com/upacara-tingkeban/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar