Tumrap masarakat Jawa,
sasi Rejeb klebu salah sijine sasi kang apik kanggo duwe gawe, ing antarane
mantu. Yen istilahe saiki sing ngetren yaiku resepsi. Mula ora aneh ing sasi
Rejeb iki, akeh warga masarakat Jawa sing padha duwe gawe mantu, ningkahake
putra-putrine sing wis diwasa kepengin rabi. Pancen ana sing isih ngugemi adat,
tegese tradhisi Jawa isih komplit dicakake, ing antarane ana nembung, pasok
tukon, siraman, midadareni, ijab kobul, panggih, lan pahargyan. Nanging uga
akeh sing wis mung nindakake kanthi sarana ringkes, yaiku nembung, pasok tukon,
banjur dibacutake ijab kobul, lan pahargyan. Malah akeh yen mantene wis
kacilakan dhisik, tegese meteng dhisik, malah mung ngadani ijab kobul lan
resepsi climen utawa mung syukuran. Kabeh mau gumantung karo pribadine
dhewe-dhewe lan sing cetha ndhelok kandel tipise dhuwite kanggo mantu. Saya
kandel saya komplit lan gedhen.
Kanthi akehe wong duwe
gawe mesthi wae akeh ulem kang sumebar ing masarakat. Ora aneh yen ing sasi
Rejeb ngene iki, bisa wae sakulawarga entuk ulem utawa undhangan luwih saka
siji. Malah bisa tekan limang ulem sesasine. Akehe ulem ateges akehe dhuwit
sing kudu diwetokake kanggo nyumbang. Pancen tradhisi nyumbang iku wis ana
wiwit kuna-makuna simbah buyut biyen. Lan nganti tekan saiki tradhisi nyumbang
kasebut isih lumaku. Ora ketang ngalami owah-owahan. Yen jaman biyen, nyumbang
iku ora kudu awujud dhuwit, nanging bisa awujud barang kabutuhan padinan,
kayata: beras, klapa, ketan, jagung, kayu, kenthang, gula (pasir lan jawa),
teh, pitik, wedhus, lan liya-liyane. Gumantung saduwene warga sing padha
nyumbang. Nanging kanthi owahing jaman, nalika kabeh wis dikerta aji nganggo
dhuwit, mula jaman saiki nyumbang diganti nganggo dhuwit. Dadi luwih ringkes.
Nalika kabeh wis
dikerta aji nganggo dhuwit, samubarang diregani nganggo dhuwit. Ditambah maneh
budaya kapitalis lan indhividhiualis sing wis mratah ngrasuki budaya Jawa,
dhuwit wis ora bisa uwal saka masarakat. Ing babagan duwe gawe wae, saiki wis
akeh sing mung dipasrahake wong liya kanthi modhel dol-tinuku. Panganan wis
nganggo katering, semono uga sing laden, sewan bala belah, meja kursi, dhekor,
tarub, busana, papan pahargyan, panatacara (MC), lan liya-liyane. Mula saiki
yen dhuwite kandel bisa aba apa wae lan luwih pepak. Tradhisi rewang lan
ngrewangi wong duwe gawe wis tansaya suda, mung kari winates ila-ila, mung
kanggo pantes-pantes wae, kayata jagongan lelungguhan mung ngombyongi thok.
Dene bot-repote sing duwe gawe adate wis ora direwes, iku urusane sing duwe
gawe. Lan sing cilaka maneh, ana wong duwe gawe kanggo bisnis. Tegese, nalika dheweke
duwe gawe, wis dietung njlimet, mengko ngentekake ragad pira, lan entuk
sumbangan pira. Malah sok-sok ing ulem wis digambari gambar celengan, kang
ateges kudu nyumbang awujud dhuwit. Yen bisa ragade bali lan entuk bathi. Yen
wis kaya ngono iku bebrayan ing masarakat tansaya tambah cilaka.
Kamangka simbah-simbah
leluhur biyen, nyontoni lan nindakake tradhisi nyumbang iku mung kanggo urip
bebrayan supaya bisa ngentheng-enthengake bot-repote sing duwe gawe. Nyumbang
ing jaman biyen iku racake padha eklas lan lila legawa amarga pancen kanggo
ngentheng-enthengake sing padha duwe gawe. Kaya kang katon saka tembung mantu
dhewe, yaiku sing dieman-eman metu, ya anak, ya ragad, ya tenaga, ya
penggalihan. Mula mantu jaman biyen iku eklas ngetokake sing diduweni tanpa
nduweni kekarepan bisa bali modhal lan adoh saka kekarepan dol-tinuku, bathi
lan tuna. Beda karo jaman saiki, akeh wong nyumbang kanthi jor-joran, yen perlu
utang barang. Ing pangangkah besuk entuk balen saka sing disumbang. Dadi racake
wong nyumbang saiki merga njagakake balen ing tembe burine. Yen ora duwe
direwangi ngutang amarga njaga gengsi. Kudune nyumbang iku dhasare pira sing
diduweni lan saeklase. Iku kang njalari wong saiki akeh utang, salah sijine ya
mung kanggo nyumbang supaya besuke entuk balen.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar