Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana
tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah,
saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet
lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana
haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas,
hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam
kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging
kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama,
jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging
ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri.
Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa
punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring
ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana
ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu.
Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan
karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan
Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah
tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang
Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap
kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang
Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune
Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing
Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan
Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi
ngabdi karo Rama. Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise
diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama
banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku
Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali
mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan
wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali,
Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji
Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi
Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane
kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama
supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne
Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka.
Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong
kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati
mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta
lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati
Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan
Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa
dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka
geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo
ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar