1. Jaman
Saiki
Kerlap-kerlip lampu neon
Ing satengahe gedhong-gedhong dhuwur
Tan gawe sliramu kedhep
Dandanan moncer
Klambi arupa jubah
Ora gawe awakmu isin
Lumaku saben dina ing kana
Jarene uwis jamane,
Jarene uwis dadi modene
Kanggo nyukupi hawa nepsu
Lali marang sejatine awak
Slendhangmu namung kanggo penutup awak
Dudu ati, lan pikiranmu
Pancen jamane wis beda
Mall-mall didadekake omah
Mesjid-mesjid namung kanggo ampiran
Al-quran dadi pajangan
Urip wis adoh marang kabegjan
Ning cedhak marang kanisthan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar