Selasa, 10 Desember 2013

Babad Baturaden

Babad Baturaden
Diceritakna ana neng negeri Rum dipimpin dening pangeran Maulana Maghribi sing agamane Islam. Ana ing sawijining dina dheweke bar salat Subuh, Maulana  Maghribi mriksani ana cahya ing lingsir wetan padhang jembrang mantul maring angkasa. Dheweke dadi penasaran kepengen ngerti nggon lan makna cahya mau. Mula dheweke banjur nduweni niat kanggo nggolet asale cahya kuwi. Maulana Maghribi nimbali marang sohabate Haji Datuk, supaya ngumpulna para hulu balang lan pasukane kanggo nyiapake kabehan perlengkapan kanggo lunga maring daerah wetan. Sakwise persiapan rampung, banjur ana 298 wong mangkat maring arah wetan nuju sumbere cahya kang dipirsani dening Maulana Maghribi. 40 dina 40 wengi kapal sing ditumpaki nyembrrangi samudra nglawan ombak lan badai nganti tekan ing pulau Jawa khususe daerah Gresik. Sanajan kesele lelungan adoh dirasakake nanging ora gawe Maulana Maghribi lan pasukane nyerah anggone marani cahya kang dideleng. Sebarang rintangan, bahaya, wis diliwati nganti ana neng Gresik Maulana Maghribi weruh cahya mau maning asale sekang arah kulone Gresik. Maulana Maghribi banjur banjur lunga maning lan tekan ing daerah Pemalang. Ana ing kono pasukan lan bala tentara dikon balik maring negarane, lan gari Maulana Maghribi bareng karo Datuk Haji.
Esuke, wong loro mau nglanjutna mlakune maring ngidul nglewati alas-alas nanging kesele ora dirasakna. Nganti dheweke kabeh lire nana neng sawijining nggon, neng kono Maulana Maghribi ngalamun karo mikir banget abote nyebarna agama Islam lan apa maknane cahya kang dideleng. Pungkase panggonan mau dijenengi Desa Paduraksa. Banjur dheweke kabeh nglanjutna lakune maning nganti nemoni wit randu sing dhungkar, mulane nggon kuwe dijenengi Desa randudhongkal. Cahyane katon maning sekang arah wetan, wong loro mau banjur liren kanggo salat lan wudhu ana neng kolam cilik sing banyune bening, mbesuke panggonan kuwe dijenengi Belik. Lelungane dilanjutna maring wetan, dheweke kabeh ngliwati daerah watuan, karo liren mula nggon kuwe dijenengi Desa Watukumpul. Sekang Watukumpul mau, cahyane katon maning nanging neng pucuke bukit sing dhuwur banget. Saking wis gedhe tekade mulane Maulana Maghribi karo Haji Datuk tetep kekeh kanggo nglanjutna lelungane sanajan angele kaya ngapa. Akhire wong loro mau gutul neng panggonan sing dituju. Neng kono katon ana wong lagi tapa sendehan neng pang wit jambu. Alon-alon wong loro kuwe uluk salam “ Assalamualaikum”, nanging ora dijawab dening wong tapa mau mula Syech Maulana maghribi ngira yen wong sing tapa mau kuwe wong Budha.
Krungu omongane Syech Maulana Maghribi, wong sing tapa banjur ngaku yen dheweke pancen wong Budha lan dheweke uga ngaku wong sing sekti.ngerti jawabane wong sing tapa kuwe, Syech Maulana kepengin nyoba kesektene wong Budha kuwe. Mula Syech Maulana njaluk wong Budha kuwe mbuktekna kesektene, banjur wong Budha mau ngeburna kopyahe maring langit nanging bisa ditandingi Syech Maulana. Syech Maulana ngeburna kaose lan nutupi kopyah sing mabur mau. Weruh kedadeyan kuwe wong Budhane ngrasa disaingi, banjur arep mbuktekna kesektene sing liyane. Karo kesektene wong Budha kuwe nyusun ndog siji baka siji maring nduwur lan ora dhungkar, weruh kedadeyan kuwe Syech Maulana prentah supaya ndoge dijukut siji baka siji kang ngisor aja ngasi dhungkar. Wong Budhane ora sanggup banjur Syech Maulana njumuti ndoge kang ngisor lan ora ana sing dhungkar. Neng jero batine wong Budha mau gumun pisan. Sekang adu kesektenan kuwe, akhire pendeta Budhane ngaku kalah  lan ngaku jenenge jambu Karang, dheweke uga janji bakal mlebu agama Islam. Jambu Karang disumpah lan dilantik dadi muslim dijenengi Syech Jambu Karang. Saksuwene wektu Syech Maulana banjur pengantenan karo anake Syech Jambu Karang sing jenenge Rubiah Bhakti. Bubare pengantenan Syech Maulana manggon neng daerah Banjarcahyana, dipeluni abdine yakuwe Haji Datuk. Syech Maulana ganti jeneng dadi Mbah Atas Angin.
Mbah Atas angin mriyang gatel-gatel lan wi ditambani werna-werna nanging ora mari-mari. Ana ing sawijining wengi dheweke olih ilham supaya adus ana neng Gunung Gora, banjur wong muslim loro mau lunga maring Gunung Gora. Satekane neng Gunung Gora, Mbah Atas Angin nuju maring panggonan sing ngetokake banyuu panas, banjur adus neng kono ana pirang dinaan, akhire penyakite mari. Panggonan mau dijenengi Pancuran Pitu. Sebab slamet merga sekang Gunung Gora mula Gunung Gora diganti jenenge dadi Gunung Slamet. Lan jeneng Baturaden dijukut sekang julukane Haji Datuk kang diwei gelar Rusuludi dening Mbah Atas Angin merga kesetiaane sajrone ngetutna jejake kanggo mujudna kabeh cita-citane. Tembung Rusuludi artine “ abdi sing apik lan setia”. Banjur ana jeneng Baturaden neng basa Jawa sekang terjemahane abdi sing apik. Abdi artine batur, lan apik diartikna adi. Mula tembung loro mau digandheng dadi Batur-Adi kang pungkasane dadi Baturaden.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar