Apa bener
wong Jawa iku bakal ilang Jawane? Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan
kepribadian kejawaane. Yen wis ilang Jawane kaya-kaya ya wis dudu wong Jawa
maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong sing kaya apa? Wong Jawa diarani Jawa
amarga nduweni sifat lan ciri-ciri tinartu. Upamane: wong Jawa iku basa ibune
basa Jawa, kesenian, tradisi lan kabudayane tradisi, kesenian, lan kabudayan
Jawa. Lha nek wis ora bisa basa Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora
tepung karo kabudayan Jawa, “gaya hidup”-e wis ora kaya salumrahe wong Jawa,
apa ya isih bisa diarani wong Jawa?
Rehne
anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa. Sifat-sifat kang tumurun
marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werna, yaiku warisan biologis lan
warisan sosial utawa kabudayan. Satemene sing bisa diwariske langsung iku ya
mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya nduweni sifat fisik lan
biologis kadideme wong Jawa, upamane: kulite nyawo mateng, rambute ireng lurus,
irunge rada pesek, lan liya-liyane. Dene warisan sosial iku warisan sing bisa
diwarisi srana sinau utawa liwat sosialisasi. Tanpa sinau utawa srawung karo
padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa Jawa, ora tepung karo kesenian Jawa.
Warisan
biologis iku wis kunandhut ana gen utawa bibite. Rehne bibite wong Jawa, ya
marisi sifat fisik dalah potensi-potensi mental Jawa. Wong Jawa sing
digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung oleh warisan biologis,
ora oleh warisan sosial.
Lha
gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing kaya ngono mau. Nanging
keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan liya, ya
isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa kang dedunung ana
Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transrnigrasi ing luwar Jawa.
Basa lan
kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir nuting jaman kelakone.
Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep dadi warisan
kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi wis beda karo
kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang Jawane.
Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbokmenawa wis beda karo “jawane” wong Jawa
saiki.
Pancen ana bae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong
Jawa iku isih ana, kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan
“wong Jawa ilang Jawane” ora bisa disurasa kanthi wantah bae. Sing genah
keiawaane wong Jawa iku owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan
panguri-uri iku perlu, nurih kajawaan mau ora adoh mlencenge. (Dening
Soedjarwo).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar