Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk
dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para
kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama
wondene kula sampun kumawantun ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan
sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun
rembag menggah babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Ing kalodhangan wekdal menika
kula badhe ngaturaken andharan ingkang magepokan kaliyan prekawis tresna
marang budaya Jawi kanthi sesirah: “Nuwuhaken
raos tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin
budaya Jawi”. Minangka
purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng
Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing
kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi
kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan
panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah
kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah ingkang satuhu
bagya mulya,
Sampun kasub bilih
Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka
papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang
mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ing wewengkon
nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta
ugi mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat
minangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah
Istimewa Yogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi
murih mekar saha ngrembakanipun. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika
kathah para mudha saking laladan Ngayogyakarta piyambak ingkang sampun kesupen,
nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa menika.
Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan kula lan
panjenengan sedaya.
Para lenggah ingkang satuhu
kinurmatan,
Kula pitados bilih para
lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila menawi basa, sastra tuwin
budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman, kerem ing kahanan, kasoran dhateng
budaya sanes. Sedaya menika boten cekap namung dipuneman-eman kemawon, ananging
betah lampah, penggalihan, kepedulian,
kawigatosan, tuwin lampah nyata ingkang kedah katindakaken magepokan kaliyan
babagan menika. Kadospundi saha menapa kemawon kupiyaning kula lan panjenengan
sedaya murih masyarakat Jawa, mliginipun para generasi mudha ingkang dados
agul-aguling bangsa menika nresnani saha nggilut dhateng budaya Jawa?
Para lenggah ingkang satuhu
bagya mulya,
Mangga samya nglodhangaken
wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih kagem nintingi sedaya menika.
Wonten ing era globalisasi samangke, bangsa Indonesia katuntut siaga saha
tanggap ing babagan menapa kemawon kalebet ewahing budaya. Bab menika boten
saged kasandhet amargi budaya menika asipat dinamis,
boten statis saha tansah pados wujud enggal nuting
jaman kalakone, kados siklus organisme. Namung makaten, ampun
ngantos budaya Jawa kanthi gampil kalindhes kepara dene kasoran dhateng budaya
modhern ing era globalisasi. Ing wanci menika kathah bangsa manca ingkang sinau
sarta nggilut budaya Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan
sadaya kedah nyinau budaya Jawi ing negari manca? Mlebetipun muatan lokal basa
Jawa ing pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling
kupiya kagem nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipunwulang wuruk
babagan basa, sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab sageda nuwuhaken raos
tresna, andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun piyambak. Sedaya punika
betah metode saha cara ingkang cocog dhateng
jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas lan mlaha menapa wontenipun.
Langkung betah variasi,
kombinasi, kolaborasi, saha eksperimen kagem mujudaken sedayanipun. Dene
asilipun boten nguciwani, katitik saking kegiyatan-kegiyatan budaya, taksih
kathah para mudha ingkang purun nyartani. Kadosta ing pentas drama Jawa,
karawitan, kolaborasi etnik-modhern, beksan, macapat,
kethoprak, lan sanes-sanesipun.
Para lenggah ingkang satuhu
bagya mulya,
Modhernisasi saha globalisasi
panci nuwuhaken perkawis ingkang manekawarni. Sinten ingkang boten siaga badhe
kalindhes tuwin kasoran, wondene ingkang siaga bakal katon manjila. Trep
kaliyan kahanan ing jaman sapunika, kula lan panjenengan sedaya kedah angulah
lantiping budi, eling, saha emut kados pangandikanipun KGPAA Mangkunegara
IV ingkang sinerat wonten ing serat Wedhatama pupuh Kinanthi menika:
Mangka kanthining tumuwuh
salami mung awas eling
eling lukitaning alam
dadya wiryaning dumadi
supadi nir ing sangsaya
yeku pangreksaning urip
marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak panduking dumadi
mbengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
upamane wong lumaku
marga gawat den liwati
lamun kurang ing pangarah
sayekti karendhet ing ri
apese kesandhung padhas
babak bundhas anemahi
Para lenggah ingkang satuhu
kinurmatan,
Makaten ingkang saged kula
aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten nujuprana saestu kula nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sadaya. Nuwun, maturnuwun.
Sumber : http://www.sastrajawa.com/sesorah/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar