Kagem sutresna
basa tuwin sastra Jawi, keparenga kawula sumela atur sawetawis. Nyuwun gunging
samodra pangaksami menawi wonten atur kawula ingkang mboten mranani penggalih
utawi natoni manah panjenengan sedaya. Sejatosipun sastra Jawi sampun lengser
duk nalika aksara Jawi mboten dipun-ginaaken malih, lan kasalin aksara Latin.
Ing ngriku, dados wonten ingkang ewah, ingkang ical. Kadosta ungelipun ”o”,
”-a”, ”a”, dados kisruh. Luntur ugi, filosofi ingkang ngrengku aksara kalawau.
Mboten wonten pangku ingkang mateni.
Nalika
samanten tasih wonten pangajeng-ajeng bilih sastra Jawi mawi aksara Latin bakal
ngrembaka. Lumintu saking lan dening majalah, buku, tuwin sesrawungan utawi
piwulang ing sekolahan. Nanging saya dangu kahananipun inggih saya nglangut
kadidene ”susuhing angin”, kadidene ”dog amun-amun”. Katon wonten ing
panyawang, nanging ilang sak nalika dipun cedhaki. Manawi sakpunika tasih
sutresna ingkang prihatos, ingkang nandhang luh cintraka, inggih punika
priyantun ingkang ngugemi saestu datang sastra Jawi, inggih punika priyantun
ingkang linuwih ing kasetyan. Pejah gesang ndherek sastra Jawi. Kawula
ngaturaken sungkem, ngurmati panjenengan ingkang linangkung ing zaman. Kedah
wonten ingkang makaten.
Panci
mrihatosaken, nanging sejatosipun ”Kabudayan Jawi” mboten namung wonten ing
basa, ing aksara, ing pocapan kemawon. ”Kabudayan Jawi” langkung ageng,
langkung wiyar tebanipun, langkung sekti mandraguna, langkung ajur-ajer
tinimbang kaliyan basa utawi sastra, utawi keris, utawi keris, utawi blangkon
tuwin selop, utawi gebyog, utawi kembang setaman. Sedaya kalawau punika namung
woh, ron, utawi kembang. Ingkang saged ngrembaka ing sajroning zaman kelakone.
Ingkang dados wos, ingkang ndadosaken sedaya ron, woh tuwin kembang punika
inggih punika oyod kabudayan Jawi. Inggih punika ingkang katelah Kejawen,
dening mbah buyut. Sejatosipun kejawen punika ingkang dados suksma sejati.
Suksma ingkang bade ngrembaka, tuwuh lan tuwuh malih, najan to ketinggalipun
malih rupa.
”Manuk
Gusti”
Keparenga
kawula ngunggak kabudayan sanes, ingkang dipun tengeri Kabudayan Semit. Punika
budaya ingkang dipun agem bangsa-bangsa Semit wonten Timur Tengah. Sareng
kaliyan wolak-waliking jaman sarta kasrambahan budaya sanes, budaya Semit
katelah budaya Yahudi, lan salajengipun budaya Kristen, kalayan Islam.
Kapitadosa antawisipun dhateng Gusti Panguwasa Jagat ikang dipun wastani YHWH
(amargi mboten kepareng dipun sebat, najan wonten ingkang nyebat Yahweh) ingkang
satunggal, dados kapitadosan meh sedaya umat ing donya. Kita nampi agami, nabi,
Gusti, kitabipun, lumantar budaya Semit kala wau, ingkang mathok paugeran agami
pinangka syarat-syaratipun.
Ing
babagan punika, budaya Jawi gadhah paradigma ingkang benten, inggih punika
ingkang kasebat ”Manuk Gusti”, utawi ”Manunggaling Kawula Gusti”. Punika
konsep, filosofis, jejer, ingkang saestu benten najan to mboten kedah dredrah
lan mungsuhan. Benten, nanging mboten sulaya. Sedaya kala wau sampun dados
sesanggeman, dados jejer ingkang ajur ajer, nalika srawung kaliyan agami utawi
budaya Hindu, Buddha, utawi sanes-sanesipun, wiwit jaman ja-mbejuja ngantos
dinten punika.
Kawula
nginten bilih konsep agung ”Manuk Gusti”, wewujudan Kedjawen ingkang jenius,
ingkang kampiun, ingkang ”mbrojol sela-selaning garu”, ingkang waskita, ingkang
saged nggathukaken bab-bab ingkang suci, sakral, kalian kahanan urip saben
dina. Kula kinten, dereng nate mireng, panyandra Gusti Kang Murbeng Jagad tuwin
umat kadosdene , ”curiga manjing warangka”, ingkang sumanak, enak, ruwin
ngangeni.
Jumat
Kliwon
Suksma
sejati saking Kejawen punika sampun wiwit kina-makina, mawujud rikala paraga
Panakawan melebet ing pawayangan. Saknalika, wayang kathah ingkang mastani
saking India dados benten. Panakawan saged Semar, Gareng, Petruk, Bagong, utawi
Togog, Mbilung utawi katambahan Limbuk, Cangik ndadosaken rakyat pidak
pedarakan dados mulya. Ngungkuli para dewa-dewa ing Kahyangan Jonggring Saloka.
Malah kepara lakung gecul, amargi dewaning-dewa Hindu, kenger dening nuwun sewu
entutipun (ana jenenge ora ana rupane) Semar (ora lanang ora wadon).
Punika
sanggit ingkang linangkung agung. Ingkang tasih ”tumimbal lair” rikala Kanjeng
Sultan Agung Hanyokrokusuma ”ngrabekaken” petangan kalender Hindu, Jawi, Islam
dados setunggal ing tanggal 1 Sura. Pananggalan sakdonya remek ical dening
petungan pananggalan Masehi, nanging etungan pasaran Pon, (Wage, Kliwon,
Paing,Legi) tasih sanget dipun ginaaken. Malah kepara pinunjul, amargi saged
mbedakaken wigatinipun dinten Jumat setunggal kaliyan sanesipun. Punika saestu
sanggit ingkang nggegirisi, jer petungan Jawi tasih kasebat, saged urip
bebarengan kalian pananggalan Masehi utawi petungan sanesipun.
Panginten kawula, sanggit ingkang sami maujud mbotenipun selop —sepatu Walanda ingkang iris wingkingipun, gampil dicopot kangge mlebet Keraton, surjan— jas ingkang krowok kangge ngetingalen keris, lan sapanunggalipun.
Panginten kawula, sanggit ingkang sami maujud mbotenipun selop —sepatu Walanda ingkang iris wingkingipun, gampil dicopot kangge mlebet Keraton, surjan— jas ingkang krowok kangge ngetingalen keris, lan sapanunggalipun.
Nyi Roro
Kidul
Manawi
yektos makaten, punapa sejatinipun suksma sejati Kejawen punika?
Benten
kaliyan pamanggih manca ingkang sarwa pratitis damel definisi, Kejawen mboten
saged dipun watesi, mboten saged kinunjara: o, kuwi ngene, ora ngono. Amargi
Kejawen punika suksma, ingkah tasih gesang. Ingkang tansah tumimbal lair,
ingkang nitis lan nitis malih, ingkang tansah maujud malih lan malih lan malih.
Ing pocapan, inggih punika ingkang kawastanan ”ngono, ning ya aja ngono”.
Wonten
conto ingkang nglegena. Upaminipun wonten utawi mboten wontenipun, Nyi Roro
Kidul, punapa kemawon sebabatanipun. Meh sedaya tlatah ing pinggir seganten,
wonten mithos lan cariyos Nyi Roro Kidul. Nanging rumaos kawula, namung cariyos
Nyi Roro Kidul ing Jawi ingkang luhur wiwit mula buka.
Sawijining
putri ingkang nedya lestantun, ngrewangi para raja kangge kamakmuran bangsa,
malih rupi dados ”lelembut”, dados ”paraga lembut”. Amargi namung punika margi
supados lestantun, salami-lamipun, sareng umuring jagad.
Punapa
Nyi Roro Kidul, yektos wonten? Utawi namung carios ngayawara?
Sedaya
kalawau mboten wigatos malih, mboten kedah wonten wangsulan ingkang baku, utawi
namung setunggal.
Semanten
ugi kejawen. Wonten utawi mboten wonten sastra utawi basa Jawi, keris,
blangkon, selop, kembang setaman, macapatan, mboten wigatos malih. Sauger tasih
wonten manungsa ingkang kempal sareng, ngrembag, nguri-uri, ngembakaken, tasih
wonten ingkang saged nyawang wontenipun ”dog amun-amun”. Saged ngraosaken
wonten ”susuhing angin”, saged ngraita ”sangkan paraning dumadi”, saged
”keplok tangan kiwa”, saged ngudarasa kaliyan sesami. Nuwun. (35)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar