Babad Kota Puwokerto
Crita kiye kawiwitan sekang
kedadeyan pemberontakan Cina sing asring dijenengi "Geger Pecinan".
Pas kuwe akeh panggedhen Keraton Surakarta lunga ninggalna keraton, sebageyan
ana sing maring ngetan lan ana sing maring kulon. Kanggo nyelametna jiwane
dheweke kabeh nggolet panggonan sing aman, nganti ana sing nglawan lan ora
ngerti ngendi tujuane. Dheweke kabeh lunga ora nggawa sangu apa-apa, dadine
akeh sing padha mriyang malahan ana sing mati neng dalan. Kanjeng Sunan
Pakubuwono II ya melu lunga maring arah ngetan karo para pasukane. teka neng
salah sijine des dheweke ngaso neng ngisor wit pelem nyambi mangan peleme
kanggo ngilangna ngelak karo kencote. Pas lagi istirahat Kanjeng Sunan
ngendhika maring pasukane " diemut-emut ya, mbesuk panggonan kiye bakal
dijenengi Palem Wulung. Palem sing artine pelem (mangga) lan Wulung kang
nduweni arti warna wulung. Nganti siki panggonan kuwe dijenengi Premulung kang
asale sekang Palem Wulung.
Dheweke kabeh sing padha lunga
maring ngetan ana pira-pira kelompok sing tujuane padha bae yakue nggolet
daerah sing aman. Kira-kira wong selawe wis padha tekan neng daerah Banyumas.
Lagi pas kuwe Banyumas tesih arupa alas roban.Dheweke kabeh ngrasa daerah kuwe
wis aman, mulane dheweke ngawiti mbabad alas kanggo didadekake panggonan urip.
omah-omah mule digawe gotong royong. Panggonan kang mikine akeh kewan-kewan,
memedi, lan medeni siki wis dadi desa sing aman lan makmur. Sawah, lan kebon
bisa njanjeni uripe. Seliyane pertanian, dheweke kabeh padha pinter dagang,
tukang, lan ana sing pinter babagan kesekten lan ilmu ghaib.
Kyai Kartisara yakuwe wong
sing nduweni ilmu ghaib. Dheweke diajeni lan disegani dening warga desa kuwe.
Dheweke kabeh padha nganggep Kyai Kartisara dadi tetuah utawa wong sing dituani
kang patut dicontoh, dijaluki nasehat, lan dadi panutan. Daerah mau ana neng
lereng Gunung Slamet sebelah kidul sing urung dijenengi. Sebabe kuwe Kyai
Kartisara ngusulna desa kuwe dijenengi Purwakerta. Purwa artine wiwitan (asal
mula) lan Kerta artine aman, tentram, lan dame. Dadi Purwakerta nduweni arti
wiwitan kang tentram lan aman. Jeneng mau disepakati dening kabeh masyarakat
kono.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar