Nyemak Musyawarah
- Nyemak
Ana sajroning bebrayan
ana tembung krungu, ngrungokake lan nyemak. Katelune beda-beda tegese.
Krungu tegese proses
kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa saderma kabeneran.
Tuladha :
Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka ndhuwur gendheng.
Ngrungokake tegese proses
kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging during ana unsure
pemahaman.
Tuladha : nalika
aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku, sabanjure aku ngrungokake
lagu kuwi. Barengwisrampung lagune,aku sinau maneh.
Nyemak tegese proses
kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham,
apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta
paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Tuladha : aku
mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi tumenen, sinambi
nyathet bab-bab penting sing diterangake.
Jinising nyemak
kaperang dadi loro, yakuwi :
a). Nyemak
Ekstensif
Tegese proses nyemak
ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon ning
pasar, lsp.
Ana patang perangan
nyemak ekstensif
- Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan
sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga bisa ngrungokake wong omong,
swara radio, tv, lsp.
- Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake
ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp.
- Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese
kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak puisi,
cerita, syair lagu, lsp.
- Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing
dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane nyemak basa dhaerah ngasi
tekan bisa.
b).
Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak
sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak
intensif :
a. Nyemak kanthi
pemahaman
- Nyemak kanthi kebak konsentrasi
- Nyemak paham bahasa formal
- Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising nyemak
Intensif yaiku :
- Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak
sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake
asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
- Nyemak Konsentratif, tegese :
kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo entuk pemahaman sing
apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan nyemak konsentratif
yaiku :
- manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh
ngisi formulir pendaftaran.
-Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
-Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
-Nggoleki informasi penting.
-Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
-Nggoleki gagasan utama
- Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan
nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk informasi anyar. Tujuane
:
-Nemokake gagasan anyar.
-Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
-Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
-Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
- Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan
nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake
pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi.
Tujuane :
-
Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan.
-
Nyemak gagasan anyar.
-
Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora.
- Nyemak Musyawarah
Nyemak Musyawarah
kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana
sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih
actual.
Kango nggoleki
informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor
ini.
1. Tema /
topik
: ………………………………………………………
2. Paraga
Musyawarah
: 1. …………………………………………………..
2.
…………………………………………………..
3.
…………………………………………………..
4. …………………………………………………..
3. Isi Musyawarah
a.
Pambuka
: ……………………………………………………….
b.
Isi
: ……………………………………………………….
c.
Panutup
: ……………………………………………………….
4.
Simpulane
: ……………………………………………………….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar