Nyemak wawancara kuwi salah sawijining jinis nyimak sing kudune diduweni para siswa ana sajroning piwulangan basa Jawa. Piwulangan nyemak iki nduweni tujuan nglatih “kepekaan” murid sajroningnampautawa nggoleki informasi. Informasi kasebut digunakake kanggo nyengkuyung ketrampilan migunakake basa liyane kayata wicara lan nulis.
Piwulangan nyemak wawancara bisa dilakokake kanthi maneka cara lan teknik penyajian. Kayata, nyemak langsung utawa nyemak nganggo piranti rekaman saka kaset / video.
Ing ngisor iki diwenehi tuladha salah sijining teknik piwulangan nyemak wawancara kanthi kegiyatan ing ngisor iki.
1. Nyemak wawancara lan nyathet bab kang wigati tur mranani ati.
Topik ana sajroning wawancara mesthi beda-beda. Bab kuwi gumantung saka apa kang dibutuhake piyayi sing wawancara lan sing nyemak. Wawancara bisa merak ati menawa si penyemak mirasa topike aktual lan dibutuhake.
Tuladha format sing bisa digunakake nyemak.
Sakwise ditemokake informasi sing wigati lan merak ati, banjur para siswa didhawuhi nggawe kelompok lan ndiskusikake bab-bab penting lan merak ati sing ana sajroning wawancara mau. Gatekno lan waspadakno bab kang wigati lan merak ati mau wiwit saka pambukaning wawancara tumekaning pungkasaning wawancara. Sakwise rampung, saben-saben wakil saka kelompok nglaporake asile, kelompok liyane menehi tanggapan. Kanthi dhasar tanggapan kasebut owahane hasil kerja kelompok dadi luwih becik.
3. Nggawe dudutan isi wawancara
Saka informasi sing wigati tur merak ati mau, saben-saben siswa nggawe kasimpulan / dudutan saka hasile wawancara mau. Carane kanthi ngrembakakake bab-bab kang wigati singwisdicathet para siswa kanthi migunakake tandha hubung/sambung sing gumathok. Cekak-aose, dudutan kuwi ditulis kayadeene ngarang gancaran (prosa) ora awujud pitakonan-pitakonan maneh. Sakwise rampung, garapane para siswa diijolake karo kancane.
Tlitinen hasil garapan kancamu kanthi migatekake isi, cara nggunakake ukara, tandha wacan lan ejaan, sarta pase nggawe kasimpulan / dudutan. Sakwise kuwi hasil singwisditliti kuwi dilaporake lan ditanggapi.
Adhedasar asile koreksian kancamu, dandani dudutanmu kanthi format ing ngisor iki !
|
Ing ngisor iki ana tuladha nyemak
NASIBE SENI TRADHISIONAL KANG MRIHATINAKE
Guru : Bisa wae.
Siswa : Ngaten, Bu. Kados pundi nasibipun seni tradisional samangke?
Guru : Wah, mrihatinake banget. Sebab para mudha saiki akeh sing ninggalake seni tradhisional mau. Malah akeh sing wis ora ngerti bbabar pisan. Mbok menawa luwih kepencut lan nengenake seni barat.
Siswa : Kenging menapa kok saged kedadosan makaten, Bu?
Guru : Mesthine ya akeh sebabe. Salah sijine miturut analisise Ibu, para mudha saiki kepingin banget diarani modern, ora kettinggalan zaman, terus mbudidaya bisa nguwasani seni barat. Ning ya kuwi banjur ninggal seni tradisional. Jalaran diarani wis kuno, ndeso, ora njamani, lan liya-liyane.
Siswa : Lajeng kados pundi ngrembakaken malih seni tradisional menika, Bu?
Guru : Ya macem-macem carane. Sering nonton seni tradisional, ajar seni tradisional, lan piwulangan basa jawa kuwi kalebu salah sijining cara nglesterake seni lan budaya Jawa.
Siswa : Lajeng menawi wonten sekolah mriki, menapa ingkang sampun katindakaken pihak sekolah gegayutan kaliyan nglestarekaken budaya Jawa?
Guru : Lo, kowe kuwi kepiye, visi misine sekolah iki rak babagan budaya ta? Eling apa ora? Terciptanya insan relegius yang berjiwa nasionalis yang unggul dalam prestasi dan luhur budi berwawasan global. Tegese, sekolahe awake dhewe iki mbudidaya tansah antuk prestasi, utamane babagan seni. Jalaran menawa nggayuh prestasi akademik ora kaconggah, ya terus nguber prestasi babagan seni. Malah SMA-ne dhewe iki nduweni sebutan utawa paraban mirunggan lho. Sebagai sekolah pewaris budaya. Apa ora hebat?
Siswa : Kok saged makaten, Bu?
Guru : La, iya, ta? Amarga sekolahe dhewe kuwi, nduweni kethoprak, wayang wong, seni teater, trampil nari, pokoke sing magepokan karo seni tradisional.
Siswa : Ooo inggih, Bu. Kula nembe nggagas babagan menika. Menawi umpaminipun seni-seni menika saged tansah dipun leluri mangke rak sae, nggih, Bu? Lajeng ngaten lo, Bu. Miturut Ibu, kanthi ngleluri budaya lan seni tradhisional Jawa menika menapa wonten paedahipun?
Guru : Akeh banget, ta, Nok. Apa kowe ora tau krungu negara yang berbudaya itu dapat dilihat dari kesenian yang dimilikinya.
Siswa : Ngaten, nggih, Bu? Matur nuwun sanget, nggih, Bu, wekdalipun. Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Guruu : Wa ’alaikum Salam Wr. Wb.
C. Paragakake wawancara ing ndhuwur. Liyane nyemak kanthi permati. Banjur isenana format wawancara ing ngisor iki!
I. Wenehana tandha ping ing aksara a,b,c,d, utawa e ana wangsulan sing paling
bener!
1. Tujuane nyemak ana sajroning piwulangan basa Jawa yaiku ………….
- Amrih bocah dadi pinter
- Nglatih kepekaan siswa nggoleki informasi
- Ngundhakake kawigatane siswa
- Nyinaoni ketrampilan nulis lan maca
- Dhasari ketrampilan migunakake basa
- CTL ing ndonyaning pendhidhikan
- Kawruh / ilmu langkung penting
- Pasinaonan kanthi ngetrapake kawruh
- Piwulangan sing musatake ana urip / bebrayan
- Metode inkuiri lan unsur intrinsik
- Inquiri b. Teknik bertanya c. Penilaian autentik d. Modeling e. Diskusi
- Sawijining pengajaran sing nggiatake, njembarake, lan ngetrapake kawruh lan ketrampilan akademis ana bebrayan saben dinane.
- Pasinaonan sing ana gegayutane kalawan pengalaman sing dilakoni para siswa.
- Pengalaman sing ditrapake siswa ana sajroning pasinaonan.
- Pasinaonan sing musatake ana siswa, bebrayan nyata, lan ngetrapake kawruh basa.
- Pasinaonan sing mentingake migunakake basa, dudu kawruh basa.
- Tugas-tugas sing Konstekstual lan relevan
- Tugas-tugas sing akeh cacahe
- Ngetrapake kawruh lan ketrampilan
- Ananing pengetrapan kawruh basa saban dinane
- Proses lan produk bisa diukur.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar