GEGURITAN
Puisi Jawa sing biasa diarani geguritan kaperang
dadi loro yaiku :
1. Puisi Jawa Tradisional, sing umume
arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus,
nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa
dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh
banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a) Puisi tembang
macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi,
Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan
Dandhanggula.
b) Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh
(Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c) Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa
- Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih
anyar (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa
bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan.
Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning
pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan
ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar
Semangat (thukul pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya
(September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit
tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing
Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih
geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile,
Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti
lan ariwarti dadi buku kang judhule Rerumpakan (nyanyian).
Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan
geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.
Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo,
Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi,
lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa
parikan lan singir. Parikan kuwi puisi jawa kang memper lan duwe
ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni
ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir /
nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya kuwi uga
ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe
geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas
nyritakake apa wae.
B. Unsur-Unsur Batin Geguritan
Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan
diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu unsur
batin geguritan.
- Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake
geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake
panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu,
lan sapiturute.
- Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan
nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa.
Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa
kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan
sapiturute.
- Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana
sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa
patrap liyane.
- Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca
geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos
geguritan.
- Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis
marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi
ana pangrakiting tembung-tembung.
C. Struktur Lahir Geguritan
Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab
apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit
ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur lahir
geguritan.
- Pinilihing tembung
Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung
kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi,
lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake
imajinasi kang manjila.
- Majas
Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh
(dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iiki
kanggo nambahi grengsenge geguritan.
- Rima
Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo
nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
- tipografi
tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning
geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning
geguritan lan gancaran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar