SELINGKUH
Ing sawijining kutha, yaiku kutha Cirebon. Ana wong loro lanang
wadon pacaran. Wong loro kuwi pacaran wis tekan limang taun suwene. Saben dina wong
loro kuwi bebarengan terus, wis kaya trek gandheng. Sing lanang jenenge Anjar
lan sing wadon jenenge Egi. Dheweke pacaran wiwit kelas 3 SMP.
Sakbubare sekolah SMP, Egi luwih milih ndhaptar ing sekolah Aliyah,
amarga dheweke kepengin mengko sekolahe nganggo jilbab, kaya nadzare miyen
wektu lulusan SMP. Lha Anjar sekolah ana ing sekolah tehnik sing khusus kanggo wong
lanang. Telung taun sekolah SMA akeh kedadean sing nguji cintane Anjar lan Egi,
amarga cintane wong loro kuwi ana ora direstui ana apa dening ibune Egi.
“Ibu ora setuju yen Kowe pacaran karo Anjar”, omonge ibune Egi.
“lha wonten menapa ta Bu?” wangsulane Egi.
“Ibu pengin kowe kerja ndhisik Ndho”, kandhane Ibu.
“Mbuh ah Bu, Ibu aja kaya ngono si, lan menapa Ibu tembe ngomong”,
kandhane aku marang Ibu.
Ibune Egi ora kepengin menawi anak prawane kuwi pacaran ndhisik sadurunge
kerja. Ibune wedi yen mengko sekolahe ora konsen, malah mengko pacaran tok. Lha
dasare Egi sing wateke angel diatur lan kendel banget marang omongane wong
tuwa, apa wae sing diprentahake dening Ibune ya ora bakal dirungokake. Nanging sak
ora olihe restu, Anjar karo Egi tetep wae pacaran sanajan umpet-umpetan saka
ibune Egi, utawa basa kerene kuwi backstreet.
Sakbubare sekolah SMA, Egi nglanjutake kuliyah ana ing Jakarta
yaiku neng Universitas Negeri Jakarta utawa UNJ.
“Njar, lulusan iki aku arep kuliyah ana ing UNJ, kowe aja nakal ya
ning kene”, kandhane Egi.
Iya Gi, aku ya ora bakal nakal karo wong lanang, tapi nakale karo
wong wadon wae, hehe” celathune Anjar karo nggoda Egi, pacare.
“Waah wani-wanine kowe Njar kowe kaya ngono, taksih urip wae kowe
kudu bersyukur ngerti”, walese Egi karo rada pengin ngamuk marang Anjar.
Egi nglakokake hubungan jarak jauh utawa LDR karo
Anjar, amarga Anjar ora kuliyah. Anjar kerja ning Cirebon. Anjar kuwi wonge apikan
banget karo Egi, apa wae sing dikarepake dening Egi, mesthi Anjar ngusahake ben
bisa kelakon. Wiwit mlebu kuliyah, sing dirasakake dening Egi kuwi kaya rada
kangelan kanggo LDRan. Nanging pegaweyane wong loro kuwi saben dina mung
kangen-kangenan tok lewat tilpun.
Tulilittt... tuliliiiiitt... swara hapene Egi moni, ana tilpun saka
Anjar.
“Assalamualaikum,” swara pambuka tilpun saka Anjar.
“Waalaikumsalam,” walesane Anjar.
“Lagi apa kowe yank?” Anjar mbuka omongan kanggo miwiti ndhisik.
“Aku lagi kangen karo kowe oh yank”, jawabe Egi
“Halah tumben nemen kowe yank” walesane Anjar marang Egi, karo
guyonan.
“Hahaha iya pancen ka yank, tapi ora sida kangen lah, kowe nyengiti
sih”, jawabe Egi rada ketus.
“Tut.. tut.. tut.. tilpune dipateni dening Anjar, amarga Anjar
nesu.
Rong wulan njalani LDRan, Egi ngrasa ana sing beda saka
Anjar, Anjar wis ora kaya sing ndhisik, wis rada cuwek marang Egi, lan galak
marang Egi. Ing kono Egi wis mikir sing ora-ora babagan sifate Anjar marang
awake. Mbuh apa sing ngrasuki pikirane Egi, Egi mikir yen Anjar kuwi wis bosen
lan wis ndhuwe pacar maneh ning Cirebon.
Egi cobi nilpun Anjar, nanging ora tau diangkat dening Anjar.
Sekaline diangkat, Anjar malah kaya ora ngarepake tilpun saka pacare dhewe kuwi.
“Tuuuuut...tuuuut... tuuuut swara nada deringe Anjar”.
“Hallo”, Anjar njawab tilpune Egi.
“Iya, piye bisane nembe diangkat Njar”, omongane Egi marang Anjar.
“iya aku sibuk terus, wis ndhisik ya Gi, aja ganggu aku ndhisik”,
panjawabe Anjar karo mateni tilpune Egi.
“Tut tut tut tut!
“Edan tenan kae wong ya, awas wae! Guneme Egi karo jengkel.
Sakjalane wektu, Egi wis prustasi karo cintane dhewe sing ora tau
direwes dening Anjar, ning kono uga Egi nyadari yen dheweke ora bakal kaya iki
terus, saya suwi saya suwi, Egi wis ora kuwat nglanjutake hubungan kuwi,
hubungan sing ora tau direstui dening Ibune dhewe.
“Yen kaya ngene terus ya aku males lah, ndhuwe pacar kok wis ora
kaya sing ndhisik, lagiyan uga ora direstui dening Ibu”, gumune Egi.
Rong sasi kepungkur, sadurunge bubaran karo Anjar, Egi wis miwiti
awake PDKT karo kancane sing ana ing facebook. Awake dhewe
kenalan karo bocah lanang sing arane Dewa. Saben dina chat-chatan terus
lewat facebook, kanthi ijolan nomer hape ana apa. Wiwit saka kenalan kuwi,
Egi wis kaya ngrasa cocok karo Dewa, padhahal dheweke ora tau ketemu karo Dewa,
lan ora ngerti Dewa kuwi kaya apa. Saya suwi Egi malah enasaran dhewe marang
Dewa, lan Egi malah ana rasa karo Dewa, Dewa uga kaya ngono.
Sakwise bada, Dewa nembak utawa nyatake cinta marang Egi, nanging
Egi ragu-ragu arep nrima apa ora, amarga dheweke ya durung kenal karo Dewa, lan
Egi uga taksih pacaran karo Anjar. Tanpa mikir dhawa, tanpa mikir mengko bakal
kepriye karo Anjar, Egi malah nrima cintane Dewa.
“Gi, Aku arep ngomong enthuk apa ora?” kandhane Dewa.
“Iya, arep ngomong apa ta Dew?” jawabe Egi karo penasaran apa sing
arep diomongake Dewa.
“Sebenere Aku seneng karo Kowe, Aku tresna karo k\Kowe, Aku uga
pengin dadi pacare Kowe, ya pancen yen kowe bingung, merga awake dhewe ki
durung tau ketemu, ora ngerti Aku lan Kowe kaya apa, tapi Aku yakin marang
prasaane Aku iki. Kowe gelem dadi pacare Aku apa ora?”. Jawabe Anjar karo
nyakinke prasaane marang Egi.
“Hah? Apa iya Dew? Aku bingung ik arep njawab apa, Aku ya tresna
karo Kowe, tapi Aku bingung”. Jawabe Egi marang Dewa.
“Yen Kowe bingung ya njawabe mengko wae ora apa-apa Gi, tetep
taktunggu kok sampe kapan wae Kowe siap jawab”. Kandhane Dewa karo sante
nanging rada deg-degan wedi cintane ditolak.
“Emm... Iya Aku gelem dadi pacare Kowe Dew”. Kandhane Egi sing
gelem dadi pacare Dewa, sanajan dheweke isih dhuwe pacar.
“Hah? Tenane Gi? Kowe ora guyonan kan?. Dewa kaget karo jawabane
Egi.
“Iya aku ora guyonan, Aku ya seneng karo Kowe” walese Egi.
Rasa tresna sing dirasakake dening Egi marang Dewa kuwi beda, ora
kaya wektu pacaran karo Anjar. Rasa kuwi saya suwi saya kuwat. Sesasi suwene
wiwit Egi lan Dewa pacaran durung tau ketemu, amarga Egi durung balik menyang
kutha Cirebon, kutha asale dhewe. Kira-kira tanggal 08 Oktober 2011 Egi balik
marang Cirebon, ana ning njorne sepur, prasaane Egi wis ora karuan banget, amarga
mengko sing bakal njemput dheweke kuwi Dewa, pacare sing durung tau ditemoni.
“Hih, ki kok dag dig dug banget ya, ana apa iki? Ah gara-gara Dewa
ki mesthi”. Guneme Egi ing njero ati karo nenangake prasaane dhewe.
Tabuh 11.30 awan, Egi tekan Cirebon, dheweke ngenteni kanthi tabuh
13.30, amarga Dewa jumatan ndhisik, dadi rada suwi menawi dikongkon ngenteni
jemputane. Sing dienten-enteni dening Egi akhire teka uga, Dewa pacare sing ora
tau dikenale sing njemput awake. Rupane ganteng, keker, lan dhuwure
padha wae karo awake dhewe.
“Weeedan ah, suwi banget kae wong, wis sejam setengah ya aku
ngenteni kok ora numul-numul bocahe”. Guneme Egi karo rada jengkel amarga wis
ngenteni suwi banget.
“Ndeeeerrr... kaya ana swara motor sing mandheg.
“Eeeh kuwi apa ya si Dewa”. Guneme Egi karo rada seneng lan deg deg
ser.
“Maaf ya Gi, wis ngenteni suwi, amarga aku shalat jumatan ndhisik”.
Ngomonge Dewa marang Egi.
“Iya tenang wae, yuh ndang bali, ngelih aku”. Jawabe Egi.
Tanpa mbuwang-mbuwang wektu, wong loro sing lagi kasmaran
kuwi langsung lunga saka stasiun. Egi lan Dewa bingung arep menyang ndi, bubar
njemput Egi, Dewa ngejak mangan Egi. Kaya wis tau weruh lan kaya wis tau kenal,
Egi lan Dewa langsung akrab tanpa ana rasa canggung sadurunge. Wong loro
kuwi wis ngobrolake macem-macem babagan awake dhewe-dhewe. Budal mangan, Dewa
ngejak Egi menyang umahe ndhisik sadurunge ngaterke Egi balik omah. Ning omahe
Dewa, Egi dikenalke marang kaluwargane Dewa. Rasa bungah ana ing atine Egi,
sanajan Dewa kuwi mung didhadekake selingkuhan nanging bisa luwih wow saka
pacare sing asli yaiku Anjar.
“Ciiiiiittt, swara rem motore Dewa, jebule wis tekan omahe Dewa”.
“Yuh Beb mlebu, ora usah isin-isin” ngajake Dewa marang Egi, karo
narik tangane Egi.
“Maaah, iki loh calon mantumu wis tak gawa rene”, undange Dewa
marang Mamahe sing kepengin weruh pacare anake kaya apa.
“Ndi ta Wa?” jawab Mamahe Dewa karo mlaku menyang ruwang tamu.
“Edalaaah, dening dhuwure padha kaya Kowe Dew”, kandhane Mamahe
Dewa sing nembe numul saka pawon.
“Hehehe, Nggih Bu”, jawabe Aku.
“Ayu ya Wa pacarmu iki, sekolah ning ndi ta emange?” pitakone
Mamahe Dewa.
“Kuliyah ing Jakarta Mah”, kandhane Dewa marang Mamahe sing kaya
wartawan kuwi.
Rada suwi Mamahe Dewa mlebu marang njero, amarga ora pengin ganggu
pacarane anake. Sajalane wektu, rong sasi sawise Egi pacaran karo Dewa, Egi
arep mutuske Anjar, merga Anjar wis ora tau ngubungi awake dhewe. Sawise Egi
mutuske Anjar, Anjar ora trima, amarga Anjar ngrasa cocok karo Egi, nanging
keputusane Egi wis ora bisa diubah maneh. seminggu sakwise putus saka Anjar,
Egi ngomong marang Anjar menawi dheweke wis ndhuwe pacar maneh yaiku Dewa. Anjar
kaget ora ketulungan, merga dheweke putus nembe seminggu. Anjar nuduh
macem-macem marang Egi, nanging Egi ora ngurusi apa sing diomongke dening
Anjar.
Saiki Egi wis seneng pacaran karo Dewa. Dewa sing luwih dhewasa,
luwih ngerteni awake lan Dewa sing luwih bagus.
Rampung
Dening
Nunung Yuliani 2601412001 Rombel 01 PBSJ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar