Kamis, 05 Desember 2013

Macapat



Tembang Macapat
Pangerten bab filsafate tembung macapat
a.    Sekar macapat punika kajawi kaginaaken kangge medharaken piwulang-piwulang luhur ugi mujudaken pasemon gesanging manungsa. Pramila mboten nama mokal manawi kangge gladhen sekar macapat, rerepen utawi tembang sanesipun punika, naming wiwit sekar Mijil dumugi pocung. Ing ngandhap punika sekhedik kangge pangertosan.
1)    Mijil
Mijil tegesipun miyos, mili utawi lair
Sekar mijil nggadahi pasemon bilih manungsa wiwit ngambah karamean utawi donya
2)    Maskumambang
Sekar maskumambang punika pasemonipun bayi, bayi punika teksih suci,sapari polahipun sarwa ngremenaken utawi nyengsemaken, ngantos mipisi utawi bobotan kemawon dipun anggep ngopahi.
3)    Sinom
Sekar sinom nggadahi  pasemon alam mudha mudhi kadewasaan. Pramila tembang SInom ugi nggadahi teges si-enom,liripun ingkang langkung ngremenaken utawi nyangsemaken.
4)    Asmarandana
Tembung Asmarandana kedadosan saking kalih tembung inggih punika Aasmara lan dana. Asmara tegesipun katresnan dene dana tegesipun weweh. Liripun sekar Asmarandana nggadahi pasemon alaming katresnan.
5)    Gambuh
Gambuh punika tegesipun cocok,mathuk,gathuk utawi jumbuh. Liripun jumbuhing katresnan ing antawisipun putri lan kakung.
6)    Kinanthi
Tembung kinanthi lingganipun kanthi tegesipun gandeng. Kinanthi tegesipun kagandheng utawi dipun gandheng. Pasemonipun sesampunipun kapetang jumbuhing katresnan ing antawisipun putrid lan kakung tumunten kalajengaken alam pala krami.
7)    Dhandhanggula
Sekar dhandhanggula nggadahi watak luwes nyengsemaken. Pasemonipun tumrap gesanging manungsa anggambaraken suasana alaming balewisma.


8)    Durma
Sekar Durma nggadahi pasemon bilih alaming bale wisma (rumah tangga), mboten badhe uwal saking perkawis utawi masalah. Dangu utawi enggal, ageng utawi alit manungsa mesthi badhe nyandhang.
9)    Pangkur
Pasemonipun bilih tiyang gesang punika sesampunipun sepuh kedah mungkur utawi uwal saking bebandaning pepenginan. Pramila sepuh ugi kawastanan tuwa, liripun tiyang sepuh punika wontenipun naming tutur-tutur, uwur-uwur,sembur-sembur dhumateng para anem.
10) Megatruh
Tembung Megatruh kedadosan saking kalih tembung inggih punika megat lan ruh utawi pegat lan ruh. Pasemoning pisahing nyawa lan jasad utaawi raga, liripun pejah/seda.
11) Pocung
Sekar pocung nggadhahi pasemon bilih pungkasaning agesang punika seda utawi pejah. Manut adat utawi tata cara sederengipun jenazah kapetak kedah dipun pocong.
b.    Macapat
Sekar macapat punika dhasaripun lugu mboten kathah wilet, gregel punapa dene cengkok. Benten sanget kaliyan tembang utawi rerepen, menawi tembang utawi rerepen sanget mawi cengkok, wilet punapa dene gregel, gumantung kaprigelanipun ingkang sami nindhakaken.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar