Nang
kēnē,nang bumi dēsa Guci
wis
tak pendhem siji prasasti
aranku
sing tak ukir nang watu lintang
aranē
kowen sing tansah tak undang-undang
nganti
dadi kemlandhang moni saben ngimpi
Nang
kēnē, nang bumi dēsa Guci
bumi
sing tansah teles
ēsuk-ēsuk
wis adus grimis
bocah-bocah
sang payungan godhong tales
tetawa
jagung bakar
ana
mbok tuwa ngiyub nang ēmpēr kios
tetawa
wortel karo godhong slada
Nang
kēnē, luhē kowen tau nētēs nang gigir
kowen
sing lēndhotan pedhut
sing
ngawē-awē mēga
nyawang
umur sing semingkir alon-alon
karo
ninggali pitakon
sing
ora bakal tak jawab
embuh,
embuh, embuh
Nang
kēnē, nang bumi dēsa Guci
ana
prasasti sing wis tak pendhem
aranku
aranē
kowen
lebur
dadi lemi
kēntir
nang kali
Tidak ada komentar:
Posting Komentar