Sabtu, 14 Desember 2013

Apa

Percaya apa kang kudu dipercaya
Bisaa pinercaya, lan bisaa percaya
Omongan ati,
Napsu apa pancen kang paling sejati?
Iku kabeh kudu dipandang wigati
Apa salah yen ora nuruti ati?
Apa malah dadi salah yen nuruti ati?
Ati kang katutup napsu
Ati kang katutup napsu
Tanpa bisa kalebon liyan
Apa pancen ora gelem kalebon liyan?
Kang kudu dimangerteni
Aja ditutup ati kang sabenere bisa mercayani
Urip iki ora dhewe
Ana aku, uga ana kowe
Bisaa percaya lan pinercaya

Dening Indriana Puspitasari

Jumat, 13 Desember 2013

Nuwuhaken Tresna Bab Basa, Sastra, lan Budaya Jawa


Nuwun,
Agunging pakurmatan konjuk dhumateng para rawuh, kakung sumawana putri, mirungganipun dhumateng para kadang mudha ingkang tansah manggih karaharjan. Nyuwun agunging pangaksama wondene kula sampun kumawantun ngadeg matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, nun inggih awit saking adrenging manah anggen kula badhe ndherek urun rembag menggah babagan kawontenanipun budaya Jawi tumrap generasi mudha.
Para lenggah ingkang kinurmatan,
Ing kalodhangan wekdal menika kula badhe ngaturaken andharan  ingkang magepokan kaliyan prekawis tresna marang budaya Jawi kanthi sesirah: “Nuwuhaken raos tresna budaya Jawi tumrap generasi mudha kanthi nyinau basa, sastra tuwin budaya Jawi”. Minangka purwakaning andharan sumangga tansah ngaturaken puja-puji panuwun dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang datan kendhat tansah paring lumunturing kanugrahan tumanduk dhumateng kula lan panjenengan sadaya. Saengga kanthi kanugrahan gadhuhaning Gusti makaten kalawau, ing kalenggahan menika kula lan panjenengan sadaya kuwawi kempal kanthi kebak ing karaharjan miwah kabagaswarasan, kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Sampun kasub bilih Ngayogyakarta menika katelah kitha pendhidhikan, ingkang tegesipun minangka papan ngangsu kawruh menggahing samukawisipun ngelmi tumrap para siswa ingkang mijil saking laladan Ngayogyakarta menapa dene kitha sanes ing wewengkon nuswantara, kepara malah wonten ingkang saking negri manca. Ngayogyakarta ugi  mujudaken kitha budaya, awit Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjering kabudayan adiluhung Jawi ing tlatlah propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, dumugi ing samenika taksih nguri-uri adat budaya Jawi murih mekar saha ngrembakanipun. Manut ewah gingsiring jaman, kanyata samenika kathah para mudha saking laladan Ngayogyakarta piyambak ingkang sampun kesupen, nglirwakaken, kepara malah nilaraken bab basa, sastra tuwin budaya Jawa menika. Temtunipun prekawis menika dados tanggeljawab saha penggalihan kula lan panjenengan sedaya.
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Kula pitados bilih para lenggah, para sutresna Jawa menika boten badhe lila menawi basa, sastra tuwin budaya Jawi menika ical kasileb ing jaman, kerem ing kahanan, kasoran dhateng budaya sanes. Sedaya menika boten cekap namung dipuneman-eman kemawon, ananging betah lampah, penggalihan, kepedulian, kawigatosan, tuwin lampah nyata ingkang kedah katindakaken magepokan kaliyan babagan menika. Kadospundi saha menapa kemawon kupiyaning kula lan panjenengan sedaya murih masyarakat Jawa, mliginipun para generasi mudha ingkang dados agul-aguling bangsa menika nresnani saha nggilut dhateng budaya Jawa?
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Mangga samya nglodhangaken wekdal, nglonggaraken saha ngeningaken penggalih kagem nintingi sedaya menika. Wonten ing era globalisasi samangke, bangsa Indonesia katuntut siaga saha tanggap ing babagan menapa kemawon kalebet ewahing budaya. Bab menika boten saged kasandhet amargi budaya menika asipat dinamis, boten statis saha tansah pados wujud enggal nuting jaman kalakone, kados siklus organisme. Namung makaten, ampun ngantos budaya Jawa kanthi gampil kalindhes kepara dene kasoran dhateng budaya modhern ing era globalisasi. Ing wanci menika kathah bangsa manca ingkang sinau sarta nggilut budaya Jawi, menapa bakal kalakon ing mangke kula lan panjenengan sadaya kedah nyinau budaya Jawi ing negari manca? Mlebetipun muatan lokal basa Jawa ing pamulangan dhasar ngantos menengah menika panci salah satunggaling kupiya kagem nyembadani perkawis icalipun budaya Jawa. Siswa dipunwulang wuruk babagan basa, sastra tuwin budaya Jawa kanthi pangajab sageda nuwuhaken raos tresna, andarbeni saha angrungkebi dhateng budayanipun piyambak. Sedaya punika betah metode saha cara ingkang cocog dhateng jiwaning para mudha, boten kedah lugu, lugas lan mlaha menapa wontenipun. Langkung betah variasi, kombinasi, kolaborasi, saha eksperimen kagem mujudaken sedayanipun. Dene asilipun boten nguciwani, katitik saking kegiyatan-kegiyatan budaya, taksih kathah para mudha ingkang purun nyartani. Kadosta ing pentas drama Jawa, karawitan, kolaborasi etnik-modhern, beksan, macapat, kethoprak, lan sanes-sanesipun.
Para lenggah ingkang satuhu bagya mulya,
Modhernisasi saha globalisasi panci nuwuhaken perkawis ingkang manekawarni. Sinten ingkang boten siaga badhe kalindhes tuwin kasoran, wondene ingkang siaga bakal katon manjila. Trep kaliyan kahanan ing jaman sapunika, kula lan panjenengan sedaya kedah angulah lantiping budi, eling, saha emut  kados pangandikanipun KGPAA Mangkunegara IV ingkang sinerat wonten ing serat Wedhatama  pupuh Kinanthi menika:
Mangka kanthining tumuwuh
salami mung awas eling
eling lukitaning alam
dadya wiryaning dumadi
supadi nir ing sangsaya
yeku pangreksaning urip
marma den taberi kulup
angulah lantiping ati
rina wengi den anedya
pandak panduking dumadi
mbengkas kahardaning driya
supaya dadya utami
upamane wong lumaku
marga gawat den liwati
lamun kurang ing pangarah
sayekti karendhet ing ri
apese kesandhung padhas
babak bundhas anemahi

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,
Makaten ingkang saged kula aturaken lan mbokbilih kathah atur ingkang boten nujuprana saestu kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami panjenengan sadaya. Nuwun, maturnuwun.

Nembak Manuk (Berburu)



Alkisah esuk iku Sardot karo Sodron gawa bedhil merga pengen berburu

Sodron                        : doot...piye yen saiki targete nembak garangan sing biasane mangan wedusmu kae...?
Sardot             : waduuuh...yen garangan susah mburune dron...mending nembak bajing sing biasane nongkrong neng wit klapa sisih kulon kae...
Sodron                        : waah...bener kowe dot...aku awit mbiyen pengen nembak bajing kae merga sering nyolong duren,duku,rambutan nang kebonku...Malah bojoku pas nang kebon,ya arep dicolong karo Bajing kae...
Sardot             :  yen sing arep nyolong bojomu pas nang kebon kae dudu bajing dron,.,,tapi aku...wekekekekek
Sodron                        : pantesan Bajing kok gundule ireng karo gingsule pitu...haa hag hag...
Sardot             : eh dron ...lha kae bajinge wes muncul karo angop...koyone lagi tangi turu kae...
Sodron                        : wah...minggira dot...aku wae sing nembak bajinge (langsung ambil posisi siap nembak)
''Siaaap....1...2....3..........DUOOOOOORRRRR...!!!!!!!!!"
*Mergoa krungu swara tembakan,, bajing iku spontan langsung enda (menghindar) karo salto trus melet-melet ngece..
Sodron                        : kaaampreeet...ora kena dot...Bajinge malah ngece...
Sardot             : wkwkkwkwkwkwk....minggir..minggir...Saiki gantian aku sing nembak..
"Siaap...1...2...3......DUOOOOOOORRRRRR!!!!!!"
*Saknalika bajinge koprol ping telu trus goyang-goyangke bokong karo buntute neng arahe Sardot...
Sodron                        : wuekekekekkek...kowe ya diece karo bajinge doot...
Sardot             : DASAAAR BAJING WEDUUSSS....(emosi)
Sodron                        : lhoh...kowe ameh ngapa doot???
Sardot             : AKU RA TRIMa DRON YEN DIECE BAJING KAE...(Nyincing kathok)
Sodron                        : trus yen gak trima arep ngapa dot??
Sardot             : AKU AREP MENEK WIT KLAPA KAE TRUS NANTANG GELUT KARO BAJINGE...(tambah ngamuk)
"PLAAAAKKKKK" (lambene Sartdot ditapuk sandal)
Sodron                        : hoooh bajinge ilang doot...kayane wes mlayu...
Sardot             : kuwi merga bajinge wedi yen tak tantang geluut...wuekekekekkekek...
"PLAAAAKK.." (lambene ditapuk sandal mneh)
Sardot             : eh kae ana manuk emprit 3 neng wit pete dron...
Sodron                        : aku awe sing nembak ...gantine bajing sing ilang...
"1....2....3....DUOOOOORRRR!!!
"Tlepppuk...Tleepuuk..Tleepukk...(emprite ciblok kabeh)
Sardot             : hebat kowe dron...skali tembak langsung kena 3 manuk...
Sodron                        : saiki giliranmu doot...kae neng wit nangka ana rombongan manuk thilang sing mencok...
Sodron                        :  oke komandan...
"Siaaap....1...2...3......Nyooooohhh...DUOOOORRRR...!!!
"Gedebuug...gedebuuug...gedebuuug...gedebuuug..."
Sodron                        : edaaan sing ciblok papat dooot..TAPI KOK...
Sardot             : tapi apa dron...
Sodron                        : tapi sing ciblok dudu manuk tilang dooot..nanging NANGKA sing ciblok...wkwkwkwk barti kowe gagal nembak manuk doot...
Sardot             : aku ra gagal dron...sebab ...
Sodro              : sebab apa doot...
Sardot             : disamping aku nembak nongko,,,,
...
...
....
.....
........TEMBAKANKU YA KENA M*NUKE MBAH MUKRI SING LAGI MENEK NENG WIT NANGKA KUWI....LHA KAE MBAH MUKRI YA CIBLOK LAGI PRINGISAN KARO NDEKEP M*NUK'E DRON...

‪#Sodron langsung koprol karo ngemut bedhil...





pengisi blog :D

Kamis, 12 Desember 2013

Paramasastra



Paramasastra inggih menika ngelmu kang nyinau babagan karakter, wanda, tembung, lan ukara.
Paramasastra miturut golonganing tembung kaperang:
Tembung aran (tuladha: radio, televisi, lsp)
Tembung kriya (tuladha: maca, turu, lsp)
Tembung sesulih (tuladha: kowe, aku, lsp)
Tembung wilangan (tuladha: telu, enem, lsp)
Tembung kaanan (kata sifat) (tuladha: elek, kuru, lsp)
Tembung katrangan (tuladha: kana, lor, lsp)
Tembung pangarep (tuladha: saka ing, lsp)
Tembung sandhangan (tuladha: sang, hyang, lsp)

Jinising tembung ana 2, inggih punika tembung lingga lan tembung andhahan ...
Tembung lingga inggih punika tembung kang during owah saka asale. Tuladhane meja, pangan arit, lsp
Tembung andhahan inggih punika tembung kang wis owah saka asale. Tuladhane mlaku koktuku, gumagus, lsp
Tembung andhahan inggih menika tembung kang asale saka tembung lingga kang oleh ater-ater, panambang, lan seselan.

Tuladhane ater-ater:
1.      Ater-ater a + ....
Tulandha : A + karya: akarya
2.      Ater-ater ka + ...
Tulandha : Ka + tabrak: katabrak
3.      Ater-ater anuswara (na, ma, ny, ng)
Tulandha : na + tampa: nampa, ma + pangan: mangan, ny + sapu: nyapu, ng + goring: nggoreng
4.      Ater-ater tripurusa (dak, kok, di)
Tulandha : kok + pangan: kokpangan, di + jambak: dijambak, dak + masak: dakmasak

5.      Ater-ater sa, pa, pi, pra, pari, tar
Tuladha : sa + wengi: sawengi, pa + mudha: pamudha, pi + tutur: pitutur, pra + yoga: prayoga, pari + wara: pariwara, tar + buka: tarbuka
6.      Ater-ater kuma, katrol, kami
Tuladha : Kuma + lamcang: kumalancang, Kapi + adreng: kapiadreng, Kami + gila: kamigilan

Tuladhane panambang:
1.      Panambang ku, mu, e
Tuladha : Buku + ku: bukuku, Sapu + mu: sapumu, Jaran + e: jarane
2.      Panambang an
Tuladha : Gawa + an: gawan
3.      Panambang i
Tuladha : Suwek + i: suweki
4.      Panambang a, na, ana, en
Tuladha : Jupuk + a: jupuka, Pangan + na: panganna, Sapu + ana: saponana, Jaga + en: jaganen
5.      Panambang ake
Tuladha : Gambar + ake: gambarake
6.      Panambang ne, ing
Tuladha : Bapak + ne: bapakne, Abang + ing: abanging

Tuladhane seselan:
1.      Seselan in:
Tuladha : Cedhak + in: cinedhak, Titah + in: tinatah
2.      Seselan um:
Tuladha : Bagus + um: gumagus, Tindak + um: tumindak
3.      Seselan l, r:

Tuladha : Siwer + l: sliwer, Kelip + r: krelip

PRASASTI



 
Nang kēnē,nang bumi dēsa Guci
wis tak pendhem siji prasasti
aranku sing tak ukir nang watu lintang
aranē kowen sing tansah tak undang-undang
nganti dadi kemlandhang moni saben ngimpi 
Nang kēnē, nang bumi dēsa Guci
bumi sing tansah teles
ēsuk-ēsuk wis adus grimis
bocah-bocah sang payungan godhong tales
tetawa jagung bakar
ana mbok tuwa ngiyub nang ēmpēr kios
tetawa wortel karo godhong slada 
Nang kēnē, luhē kowen tau nētēs nang gigir
kowen sing lēndhotan pedhut
sing ngawē-awē mēga
nyawang umur sing semingkir alon-alon
karo ninggali pitakon
sing ora bakal tak jawab
embuh, embuh, embuh 
Nang kēnē, nang bumi dēsa Guci
ana prasasti sing wis tak pendhem
aranku
aranē kowen
lebur dadi lemi

kēntir nang kali 

Enyong




Enyong..
Enyong ya enyong..
Diapak-apakna ya tetep enyong..
Dijambak Dikepret ya tetep enyong..

Enyong..
Emang beruntung dadi enyong..
Di wolak walik dadine enyong..
Disebul diisep ya tetep bae enyong..

Kaya kiyelah karyane enyong..
Apik ora apik ya ditodong..
Emang dasar enyong..
Urip kaya keyong.. 


Rabu, 11 Desember 2013

Lampahipun Nyi Roro Kidul ing Kabudayan Jawi


Kagem sutresna basa tuwin sastra Jawi, keparenga kawula sumela atur sawetawis. Nyuwun gunging samodra pangaksami menawi wonten atur kawula ingkang mboten mranani penggalih utawi natoni manah panjenengan sedaya. Sejatosipun sastra Jawi sampun lengser duk nalika aksara Jawi mboten dipun-ginaaken malih, lan kasalin aksara Latin. Ing ngriku, dados wonten ingkang ewah, ingkang ical. Kadosta ungelipun ”o”, ”-a”, ”a”, dados kisruh. Luntur ugi, filosofi ingkang ngrengku aksara kalawau. Mboten wonten pangku ingkang mateni.
Nalika samanten tasih wonten pangajeng-ajeng bilih sastra Jawi mawi aksara Latin bakal ngrembaka. Lumintu saking lan dening majalah, buku, tuwin sesrawungan utawi piwulang ing sekolahan. Nanging saya dangu kahananipun inggih saya nglangut kadidene ”susuhing angin”, kadidene ”dog amun-amun”. Katon wonten ing panyawang, nanging ilang sak nalika dipun cedhaki. Manawi sakpunika tasih sutresna ingkang prihatos, ingkang nandhang luh cintraka, inggih punika priyantun ingkang ngugemi saestu datang sastra Jawi, inggih punika priyantun ingkang linuwih ing kasetyan. Pejah gesang ndherek sastra Jawi. Kawula ngaturaken sungkem, ngurmati panjenengan ingkang linangkung ing zaman. Kedah wonten ingkang makaten.
Panci mrihatosaken, nanging sejatosipun ”Kabudayan Jawi” mboten namung wonten ing basa, ing aksara, ing pocapan kemawon. ”Kabudayan Jawi” langkung ageng, langkung wiyar tebanipun, langkung sekti mandraguna, langkung ajur-ajer tinimbang kaliyan basa utawi sastra, utawi keris, utawi keris, utawi blangkon tuwin selop, utawi gebyog, utawi kembang setaman. Sedaya kalawau punika namung woh, ron, utawi kembang. Ingkang saged ngrembaka ing sajroning zaman kelakone. Ingkang dados wos, ingkang ndadosaken sedaya ron, woh tuwin kembang punika inggih punika oyod kabudayan Jawi. Inggih punika ingkang katelah Kejawen, dening mbah buyut. Sejatosipun kejawen punika ingkang dados suksma sejati. Suksma ingkang bade ngrembaka, tuwuh lan tuwuh malih, najan to ketinggalipun malih rupa.
”Manuk Gusti”
Keparenga kawula ngunggak kabudayan sanes, ingkang dipun tengeri Kabudayan Semit. Punika budaya ingkang dipun agem bangsa-bangsa Semit wonten Timur Tengah. Sareng kaliyan wolak-waliking jaman sarta kasrambahan budaya sanes, budaya Semit katelah budaya Yahudi, lan salajengipun budaya Kristen, kalayan Islam. Kapitadosa antawisipun dhateng Gusti Panguwasa Jagat ikang dipun wastani YHWH (amargi mboten kepareng dipun sebat, najan wonten ingkang nyebat Yahweh) ingkang satunggal, dados kapitadosan meh sedaya umat ing donya. Kita nampi agami, nabi, Gusti, kitabipun, lumantar budaya Semit kala wau, ingkang mathok paugeran agami pinangka syarat-syaratipun.
Ing babagan punika, budaya Jawi gadhah paradigma ingkang benten, inggih punika ingkang kasebat ”Manuk Gusti”, utawi ”Manunggaling Kawula Gusti”.  Punika konsep, filosofis, jejer, ingkang saestu benten najan to mboten kedah dredrah lan mungsuhan. Benten, nanging mboten sulaya. Sedaya kala wau sampun dados sesanggeman, dados jejer ingkang ajur ajer, nalika srawung kaliyan agami utawi budaya Hindu, Buddha, utawi sanes-sanesipun, wiwit jaman ja-mbejuja ngantos dinten punika.
Kawula nginten bilih konsep agung ”Manuk Gusti”, wewujudan Kedjawen ingkang jenius, ingkang kampiun, ingkang ”mbrojol sela-selaning garu”, ingkang waskita, ingkang saged nggathukaken bab-bab ingkang suci, sakral, kalian kahanan urip saben dina. Kula kinten, dereng nate mireng, panyandra Gusti Kang Murbeng Jagad tuwin umat kadosdene , ”curiga manjing warangka”, ingkang sumanak, enak, ruwin ngangeni.
Jumat Kliwon
Suksma sejati saking Kejawen punika sampun wiwit kina-makina, mawujud rikala paraga Panakawan melebet ing pawayangan. Saknalika, wayang kathah ingkang mastani saking India dados benten. Panakawan saged Semar, Gareng, Petruk, Bagong, utawi Togog, Mbilung utawi katambahan Limbuk, Cangik ndadosaken rakyat pidak pedarakan dados mulya. Ngungkuli para dewa-dewa ing Kahyangan Jonggring Saloka. Malah kepara lakung gecul, amargi dewaning-dewa Hindu, kenger dening nuwun sewu entutipun (ana jenenge ora ana rupane) Semar (ora lanang ora wadon).
Punika sanggit ingkang linangkung agung. Ingkang tasih ”tumimbal lair” rikala Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma ”ngrabekaken” petangan kalender Hindu, Jawi, Islam dados setunggal ing tanggal 1 Sura. Pananggalan sakdonya remek ical dening petungan pananggalan Masehi, nanging etungan pasaran Pon, (Wage, Kliwon, Paing,Legi) tasih sanget dipun ginaaken. Malah kepara pinunjul, amargi saged mbedakaken wigatinipun dinten Jumat setunggal kaliyan sanesipun. Punika saestu sanggit ingkang nggegirisi, jer petungan Jawi tasih kasebat, saged urip bebarengan kalian pananggalan Masehi utawi petungan sanesipun.
Panginten kawula, sanggit ingkang sami maujud mbotenipun selop —sepatu Walanda ingkang iris wingkingipun, gampil dicopot kangge mlebet Keraton, surjan— jas ingkang krowok kangge ngetingalen keris, lan sapanunggalipun.
Nyi Roro Kidul
Manawi yektos makaten, punapa sejatinipun suksma sejati Kejawen punika?
Benten kaliyan pamanggih manca ingkang sarwa pratitis damel definisi, Kejawen mboten saged dipun watesi, mboten saged kinunjara: o, kuwi ngene, ora ngono. Amargi Kejawen punika suksma, ingkah tasih gesang. Ingkang tansah tumimbal lair, ingkang nitis lan nitis malih, ingkang tansah maujud malih lan malih lan malih. Ing pocapan, inggih punika ingkang kawastanan ”ngono, ning ya aja ngono”.
Wonten conto ingkang nglegena. Upaminipun wonten utawi mboten wontenipun, Nyi Roro Kidul, punapa kemawon sebabatanipun. Meh sedaya tlatah ing pinggir seganten, wonten mithos lan cariyos Nyi Roro Kidul. Nanging rumaos kawula, namung cariyos Nyi Roro Kidul ing Jawi ingkang luhur wiwit mula buka.
Sawijining putri ingkang nedya lestantun, ngrewangi para raja kangge kamakmuran bangsa, malih rupi dados ”lelembut”, dados ”paraga lembut”. Amargi namung punika margi supados lestantun, salami-lamipun, sareng umuring jagad.
Punapa Nyi Roro Kidul, yektos wonten? Utawi namung carios ngayawara?
Sedaya kalawau mboten wigatos malih, mboten kedah wonten wangsulan ingkang baku, utawi namung setunggal.
Semanten ugi kejawen. Wonten utawi mboten wonten sastra utawi basa Jawi, keris, blangkon, selop, kembang setaman, macapatan, mboten wigatos malih. Sauger tasih wonten manungsa ingkang kempal sareng, ngrembag, nguri-uri, ngembakaken, tasih wonten ingkang saged nyawang wontenipun ”dog amun-amun”. Saged ngraosaken wonten ”susuhing angin”, saged ngraita ”sangkan paraning dumadi”,  saged ”keplok tangan kiwa”, saged ngudarasa kaliyan sesami. Nuwun. (35)

ILANG JAWANE


Apa bener wong Jawa iku bakal ilang Jawane? Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawaane. Yen wis ilang Jawane kaya-kaya ya wis dudu wong Jawa maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong sing kaya apa? Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri tinartu. Upamane: wong Jawa iku basa ibune basa Jawa, kesenian, tradisi lan kabudayane tradisi, kesenian, lan kabudayan Jawa. Lha nek wis ora bisa basa Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, “gaya hidup”-e wis ora kaya salumrahe wong Jawa, apa ya isih bisa diarani wong Jawa?
Rehne anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa. Sifat-sifat kang tumurun marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werna, yaiku warisan biologis lan warisan sosial utawa kabudayan. Satemene sing bisa diwariske langsung iku ya mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya nduweni sifat fisik lan biologis kadideme wong Jawa, upamane: kulite nyawo mateng, rambute ireng lurus, irunge rada pesek, lan liya-liyane. Dene warisan sosial iku warisan sing bisa diwarisi srana sinau utawa liwat sosialisasi. Tanpa sinau utawa srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora bisa basa Jawa, ora tepung karo kesenian Jawa.
Warisan biologis iku wis kunandhut ana gen utawa bibite. Rehne bibite wong Jawa, ya marisi sifat fisik dalah potensi-potensi mental Jawa. Wong Jawa sing digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung oleh warisan biologis, ora oleh warisan sosial.
Lha gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing kaya ngono mau. Nanging keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa kang dedunung ana Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transrnigrasi ing luwar Jawa.
Basa lan kabudayaan Jawa iku tansah ngrembaka lan owah-gingsir nuting jaman kelakone. Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep dadi warisan kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi wis beda karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang Jawane. Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbokmenawa wis beda karo “jawane” wong Jawa saiki.

Pancen ana bae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa iku isih ana, kajawaane mbokmenawa uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan “wong Jawa ilang Jawane” ora bisa disurasa kanthi wantah bae. Sing genah keiawaane wong Jawa iku owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan panguri-uri iku perlu, nurih kajawaan mau ora adoh mlencenge. (Dening Soedjarwo).