“asalmu
saka ndi dhik?”
“aku?”
“iya”
“saka Banyumas mas”
“owalah nyong yaa?”
“hehe ya kayakue lah”
Omongan kuwi ora bakal tak laleni nganti saiki. Nalika
kuwi bubar pertandingan aku balik bareng-bareng karo kanca-kanca sak tim.
Dheweke uga melu, merga kuwi pertandingan kanggo lanang lan wadon. Nembe
dheweke sing nakokake asalku saka ndi saka akehe wong kang bareng karo aku. Ya
merga kancaku kabeh wis ngerti aku asale saka endi, hehe. Mbuh kenangapa kok
bareng dheweke nakokake asalku saka endi rasane kaya beda. Krungu swarane atiku
ndredeg jantungku kaya mlayu-mlayu sprint
cepet banget. Ana ing dalan karo bonceng motor aku karo mesem-mesem dhewek,
rasane bungah pisan. Sabubare pertandingan kuwi aku lan kanca-kanca ora
langsung balik nanging mampir ana ing rumah makan dhisik. Arane warung steak, haha ya aku tembe mlebu marang panggonan
kaya ngono kuwi mangan panganane wong barat. Ning warung kuwi biasa wae aku
ngobrol-ngobrol karo kanca liyane kaya adate. Wis rampung mangan banjur balik.
Sakdurunge budhal aku bayar ongkos parkiran dhisik. Kebeneran motore dheweke
ana ing buri motor sing aku tumpaki sisan wae tak bayari, dheweke mesem karo
ngomong kesuwun. Aku ya melu mesem, dheweke uga ngajak guyon sedhela. Rasane
bungah banget atiku, mbuh kenangapa. Wengi kuwi pancen wengi kang seje lan
tembunge mau esih kaemut-emut nganti saiki. Jenenge Awan Kurniawan mahasiswa
semester enem jurusan Ilmu Keolahragaan. Yen kuliah pancen aku ora tau tepang
karo dheweke merga dheweke wis semester dhuwur lan aku esih semester enom dadi
jadwale beda. Bareng wengi iku bocah-bocah kang wis foto-foto ngunggah fotone
ana ing grup ukm facebook. Dheweke
lan aku ya ditandai. Ning kono aku lan mas Awan komen-komenan seru nanging durung
kekancanan ana ning facebook. Akhire aku
ngewanekake kanggo ngeadd dheweke
dadi batir facebook ku. Eeeeh ora
suwe saka aku ngeadd dheweke langsung
ngonfirm aku. Dheweke pancen dudu wong sombong dadi pantes wae nek gelem
ngonfirm aku. Suwe-suwe aku karo dheweke sering komunikasi lewat dunia maya
yaiku facebook. Yen aku pasang status
dheweke sok-sok komen, ngono uga aku. Sangsaya suwe aku karo dheweke tambah
akrab nganti chatingan barang. Batinku
ya mung supaya dadi tambah akeh batir akrabku, nanging nyatane manah ora bisa
dilomboni. Ana rasa-rasa sing nlusup luwih saka rasa seneng karo batir. Nalika
latiyan aku dadi sering ketemu karo dheweke. Aku uga dadi tambah semangat
anggone latiyan sanajan yen ketemu latiyan ya aku ora akeh ngomong karo
dheweke. Merga dheweke kuwi wonge ora doyan ngomong nanging akeh polah-polahe
dheweke sing gawe aku gumun. Latiyan bareng kirane wis ana sewulanan, nganti
kanggo persiapan pertandingan sebanjure. Bar pertandingan kuwi latiyan
dipreikake dhisik merga ketabrak wulan puasa. Batinku “ yaa prei ning umah ora
bisa latiyan lan ketemu karo dheweke maneh”.
Wulan puasa dilakoni kaya biasane aku ya ngrasa
bosen merga aku adoh karo kanca-kancaku. Wayahe saur kaya biasa aku mangan karo
bapak lan ibu. Aku bukak hape jebule ana pemberitahuan saka fb pesan saka Awan Kurniawan.
“Assalamualaikum, dhik Banyumasmu ndi?”
“Wa’alaikumsalam, aku Rawalo mas”
“ hah masak? Ya cedhak karo aku dhik mas Sampang
ngerti kan dhik?”
“ oya aku ngerti mas”
“lagi ngapa dhik?”
“ aku lagi nonton tivi”
“lah wis maem apa durung?”
“ uwis mas miki nembe bae”
Aku
kaget nalikane dheweke ngomong asale saka Sampang cedhak saka nggonku, takira
asale mas Awan kuwi ya saka daerah wetanan. Saka wektu iku aku karo dheweke
dadi sering omong-omongan lewat fb,
nganti dheweke njaluk nomor hape ku ddi kadang fban kadang smsan. Saben
dina mas Awan mesti sms aku takon
lagi ngapa, wis maem durung, saka esuk nganti bengi malah kadang ngasi lembur
nggarap tugas bareng diselingi chatingan
lewat facebook. Suwe-suwe merga
dheweke aweh perhatian sing luwih maring aku, aku dadi kulina lan ngrasa sreg karo
dheweke. Malah bareng mlebu kuliah aku sok-sokan diparani dheweke yen aku balik
kampung dheweke uga pernah dolan menyang omahku. Saka iku, aku ngrasa yen apa
sing dheweke lakoni marang aku wis ngluwihi perhatiane marang batir biasa. Aku
esih eling nalika dheweke dolan maring omahku, mas Awan langsung bisa akrab
karo wong tuaku. Sing gawe lucu malah nalikane ibuku weruh dheweke dikirani mas
Awan kuwi wong wedhok merga rambute kang gondrong kaya rambute wong wedhok. Pas
ning omah ya ibuku seneng karo dheweke. Mas Awan nganti ngomong yen aku karo
dheweke wis kaya sedulur dadi ana ing rantau ana kancane bisa njaga siji lan
sijine. Krungu omongane dheweke, atiku ngrasa krenteg nganti semana penggalihe
dheweke marang awakku.
Saben dina diliwati kaya biasa dina-dinaku diiseni
karo sms-smse mas Awan, perhatiane,
lan keapikane marang aku. Aku ing kene uga dadi ngrasa aman lan tenang merga
wis ana wong sing bisa dijaluki tulung kaya sedulure dhewek. Kadang mas Awan
dolan maring kosku malah pernah ngancani aku tuku obat. Rasane uripku beda kaya
adate, bareng mas Awan teka ana ing panguripanku. Perhatiane dheweke marang aku
kuwi kaya perhatiane wong marang pacare, tanganku dicekel, rambutku
dielus-elus, gawe aku ngrasa bingung dhewek, nanging aku ya ora wani takon
maring dheweke apa sing sebenere dheweke rasakake marang awakku iki. Amarga aku
ya esih kemutan biyen nalika wiwit tepang dheweke ngomong yen aku lan dheweke
bakalan dadi kakang adhik selawase. Aku bingung nanging uga seneng, ana wong
sing ngomong kaya mengkana. Nanging sawijining dina atiku ngrasa suwung merga
mas Awan ujug-ujug ora sms aku maneh kira-kira seminggu suwene. Aku ngewanekake
sms dheweke dhisik.
“mas kenangapa si, kok wis pirang dina iki ora sms
adhik maneh apa mas wis lali karo adhik, apa mas lagi nyoba ngilang saka adhik?
Maaf yen adhik ana salah”
“ora kok dhik, mas ora ana penggalih kaya mangkana.
Kuwi penggalihmu wae”
Sepet
kuwi mas Awan dadi jarang sms aku. Suwe sangsaya suwe aku ya dadi melu meneng
ora wani nganggu dheweke. Nganti saiki
dheweke ora pernah ngubungi aku maneh, embuh apa alesane. Aku namung bisa
ngenang kenangan sing dheweke aweh maring aku. Kaya nalikane pas malem minggu
dheweke maring kosku ngajak aku dolan sewengi muput. Diajak mangan,
ndelok-ndelok kaendahan kota, jagongan ing alun-alun, rasane bungah banget
merga aku ora pernah ngrasakake bungah kang kaya mengkana. Ing wengi kuwi aku
celathu.
“ mas aku wedi yen mas Awan bakal
ninggalake adhik”
“tenang dhik aku ora bakal
ninggallake awakmu”
Omongan
kuwi sing aku cekel nganti saiki, sanajan saiki dheweke wis ora genah ana endi
parane. Ujug-ujug amleng ora ana pawartane, namung lewat fb utawa kanca-kancane
kang kadang aweh ngerti marang aku kahanane dheweke. Kaya kecocog eri atiku
lara-selarane, rasane wis ora bisa diungkapake maneh karo tembung apa wae.
Dheweke kang wis menehi janji-janji marang awakku, dheweke sing aweh perhatian
luwih nanging saiki ora blas. Dheweke urung ngerti apa sing dirasakake atiku
merga perhatiane dheweke, aku uga ora ngerti apa satemene rasa ing jero manahe
marang sliraku. Tresnaku kang kependhem, durung medhar saka lambeku, nanging
dheweke malah wis ngilang ndisiki godhong-godhong garing kang tumiba saka
pange. Atiku wis ora genah rupane, dina-dina kang endah kae wis ilang ketutupan
awan ireng lan kegawa angin ora ngerti maring ndi parane. Aku namung bisa sabar
lan pasrah nglakoni urip iki. Muga-muga mas Awan tansah ora duweni rasa sebel
utawa wadeh marang awakku, lan mugi ana titi mangsane dheweke ana maneh ing
panguripanku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar