Nalika
cilik,
Saben
esuk, aku tansah diopeni simbok
Ing
pawon wis kebul-kebul anggone masak
Sekul
liwet, ndog dada, lan susu soklat
Sinandingake
ing meja kanggo awakku
Nanging
saiki, wis beda
Ora
saben esuk ngrasakake kaya mangakana
Nalika
cilik,
Rambut
ikal iki, sinaosi jiniret dening mbok
Jiret
siji, jiret susun, utawane kepang
Ora
ana sing bisa madani
Kejaba
simbok dhewek
Nanging
saiki,
Rambut
namung dikuwel jiret karet
Ora
dak gatekake modele,
Banjur
wae ditutupi kudhung
Nalikane
cilik,
Pancen
nyenengake
Urip
tansah kaya dadi Dewa
Dilayani
lan diopeni
Nanging
saiki, awak kudu ngerti
Yen
ana wayahe urip iki dadi dewasa
Ora
bakal cilik sateruse
Tidak ada komentar:
Posting Komentar