Rabu, 08 Januari 2014

Sasmitane panguripan




Jarene wong –wong cablaka
Urip iki kudu tansah blakasuta
Blak-blakan lan apa anane
Ngati-ati aja nganti sulaya
Wong urip iki ya kudu  kaya pantun
Andhap asor, saya tambah isine saya ndingkluk
Loman lan paweweh uga penting
Seneng weh-weh marang bebrayan urip
Bebrayan kanggo tentreme panguripan
Aja nganti wiring lan mirangi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar