Minggu, 18 Mei 2014

Geguritanku



Rumangsa
Wus kacetha wela-wela
yen janma tan bisa dhewekan
kaya semut ing dalan
tetulung anggone nggolek pangan
kambung tangan nalika pethukan
kaya sapu sing kanggo ngresiki latar
ora bisa namung sesada
nanging kudu pirang-pirang sada
kuwi sing jenenge manungsa
lumaku gesang ing dunya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar