Rumangsa
Wus
kacetha wela-wela
yen
janma tan bisa dhewekan
kaya
semut ing dalan
tetulung
anggone nggolek pangan
kambung
tangan nalika pethukan
kaya
sapu sing kanggo ngresiki latar
ora
bisa namung sesada
nanging
kudu pirang-pirang sada
kuwi
sing jenenge manungsa
lumaku
gesang ing dunya