U.d.a.n
Swarane gemricik bebarengan
Siji baka siji tumiba ing lemah
Saka langit kang ora padang
Wit-witan uga gegodhongan
Ora bisa malih saka tumekane
Teles, teles laaan teles
Apa wae sing dicedhaki
Ora bisa mlayu
Ora bisa lunga
Kejaba dheweke
Swara kang jumeder
Suwe-suwe malik dadi cilik
Cilik, cilik, lan cilik
Ilang awan petenge
Ilang swarane